Assalamualaikum Wr. Wb
Bapak ibu guru lan staff karyawan ingkang kula urmati, lare kels 1, 2, lan 3 ingkang kula tresnani. Puji sukur katur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah dhumateng kula panjenengan sami. Alhamdulillah ing enjing menika kita sedaya saged kempal sesarengan ing kampus SMK Negri 1 Cilacap ingkang kita remeni.
Para peserta upacara, pitu dasa sanga menika masa kang cukup dawa kanggo bangsa kita sekaliyan bangsa Indonesia, 28 Oktober 1982 para pemudha Indonesia kumpul ing Jakarta kangge ngucapake ikrar kang dikenal Sumpah Pemuda. Dinten iki kita sedaya mengeti dinten kang bersejarah yaiku dinten Sumpah Pemuda / dinten Pemuda. Kementrian Negara Pemuda lan olahraga sampun netapake tema pengetan dinten Sumpah Pemuda ke-83 taun menika yaiku “Ningkatake Solidaritas , Integritas, lan Profesionalisme Pemuda dados bangsa kang nduweni semangat Solidaritas yaiku pemuda kang saged numbuhake empati sosial ngrasakake penderitaanipun wong liya lan nduweni kemampuan kangge mbagi rasa. Mula kula manjatake sukur, mangga kita panjatake doa dumateng Allah, Gusti ingkang maha Agung, supados kita sedaya dipunaturi kekuatan lair lan bathin kangge nerusake perjuangan mbangun bangsa lan Negara kangge mujudake gesangipun masa depan kang luwih sae. Sumpah Pemuda taun 1928 menika keputusan kang lair saking musyawarah para pemuda Indonesia ing wektu menika. Mula, pemuda calon pemimpin lan pelaku bangsa kedah saged mahami makna Sumpah Pemuda. Era perdagangan bebas lan investasi sampun wonten ngajengipun kita sedaya. Era globalisasi lan tekhnologi informasi menika nuntut wontenipun kualitas SDM bangsa. Mula, ing acara mengeti dinten Sumpah Pemuda menika monggo kita tingkatake semangat persatuan lan kesatuan bangsa, unggah ungguh bangsa, ningkatake SDM bangsa kang disiplin, mandiri lan profesional ngangge penguasaan IPTEK lan keterampilan. Pengetan dinten sumpah pemuda ke-83 menika, nduweni makna kanggo saenipun kualitas lan nunjukkake identitas jati dirinipun bangsa dados bangsa kang ageng, berkualitas, berwibawa, lan bermartabat. Pemuda dituntut supados kreatif lan inovatif kangge nglaksakakake desentralisasi utawa otonomi daerah, supados saged nglairake keberhasilanipun pembangunan nasional Indonesia kang maju, mandiri, demokrasi lan adil. Peserta upacara kang kula urmati, Pemuda bangsa Indonesia kedah ningkatake kualitas SDM / Pemuda Indonesia. Yen kita mirsani ing wingking sendi utamanipun saking pembangunan nasional kita yaiku persatuan lan kesatuan bangsa. Ngangge semangat persatuan lan kesatuan menika kita kembangake kautuhan lan sesarengan Bangsa Indonesia.Mula, ing pengetan sumpah pemuda menika kita dadosake pemicu semangat kita sedaya supados saged ningkatake persatuan lan kesatuan bangsa ningkatake partisipasi lan dukungan kangge pembangunan kang berpihak ing kepentingan pemuda dados generasi penerus bangsa. Perhatian lan sikap perduli marang pertumbuhan pemuda kedah kita tingkatake supados generasi bangsa kita kuat, sanes generasi kang lemah.
Peserta upacara kang kula urmati, kula cekapi semanten rumiyin sambutan kula, mbok bilih wonten kiranging atur kawula, kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami. Mugi - mugi Allah, Gusti Kang Maha Agung ngaturake petujukipun kangge Kita sedaya.
Wassallamu’alaikum Wr. Wb.